Selasa, 15 April 2014

Anoman Obong

Anoman Obong
Ing negara Ayodya punika wonten rewanda sekti mandraguna, wicaksana, saha trampil ing karya. Rewanda punika anama Anoman. Anoman menika kagunganipun Ramawijaya. Ramawijaya menika putranipun Prabu Dasarata ratu ing Ayodya. Ramawijaya dhaup kalih Dewi Sinta, putra putrinipun Prabu Janaka ing negara Manthili.
Prabu Dasamuka utawa Rahwana raru ing negara Ngalengka. Prabu Dasamuka kagungan sederek, menika Kumbakarna, Sarpakenaka, kalih Wibisana.
Wonten satunggaling dinten, Rama, Dewi Sinta kalih Lesmana ndlajah alas Dhandhaka, Dewi Sinta dicolong kalih Prabu Dasamuka. Lajeng Dewi Sinta diplayokake, dioyak kalih manuk garudha Jathayu. Jathayu perang kalih Prabu Dasamuka, Jathayu kalah, Lajeng Dewi Sinta didhelikaken wonten taman Argasoka, dikancani kalih Dewi Tjatha putra putrinipun Wibisana.
Prabu Ramawijaya dados ratu wonten negara Pancawati. Lajeng Anoman menika gadhaipun Rama diutus perlu madosi Dewi Sinta wonten Ngalengka. Saksampunipun ketemu kalih Dewi Sinta, Anoman ajeng kundur di cekel wadya bala. Anoman ajeng diobong. Anoman lajeng mabur kalih mbeta geni. Geni menika ditibakaken wonten nginggil keraton, keraton Ngalengka dados kobong, kejaba taman Argasoka. Lajeng Dewi Sinta dibeta menyang Pancawati.

Jika mau copas, cantumin sumbernya ya. Terima kasih...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar